Minggu, 12 Januari 2014

bahasa jawa

A. Nyimak Nyimak benten kaliyan midhanget utawi midhangetaken, wonten kagiyatan midhanget pamireng saget mboten mahami punapa ingkang dipunmidhanget punika. Nanging kagiyatan nyimak punika sampun nyekap unsur midhanget, midhangetaken, ugi dipunsarengi kagem mahami bahan ingkang dipunsimak punika. Ketrampilan nyimak punika salah satunggaling ketrampilan basa ingkang wigati sanget kagem mbiyantu kemampuan basa ingkang sae. Wonten pamucalan basa jawi ing sd kelas inggil kagiyatan nyimak iku inggih wigati sanget, amargi kanthi kagiyatan nyimak punika dipunkarepaken murid saget mahami ide, gagasan ugi sedaya materi ingkang wonten ing pamucalan basa jawi. Kanthi gadhahi ketrampilan nyimak, murid dipunkarepaken saget mahami punapa ingkang dipunwucalaken guru ugi saget nyampekaken maleh kanthi basanipun piyambak ugi saget mundhut dudutan saking carios utawi materi punika. B. Kagiyatan nyimak carios rakyat 1. Murid nyimak waosan carios ingkang diwaos guru utawi rencangipun piyambak. Rawa Pening Kacarita, ing Desa Banarawa, duwe adat nganaake mametri desa ing saben taun, yaiku nganaake selametan supaya wong ing desa kana padha selamet. Kanggo memetri desa iku ana syarate yaiku daging kewan. Wong- wonging Desa Banarawa pada menyang alas arep golek daging kewan. Anehe wis meh sidino muput wong- wong mau during oleh kewan siji-sijia. Ki Juru Mathokan, lurahe Desa Banarawa ngajak wong- wong padha leren ndisik. Wong – wong iku banjur padha ngaso. Sajerone ngaso iku ana wong sing lungguh ana dhuwure wit kang ambruk. Gamane arupo peso ditancepake ana wit kang dilungguhi. Wong mau kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso , metu banyune abang. Dheweke bengok- bengok. Kanca kancane padha krungu, nuli nyedaki. Wong- wong mau kepengen weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang iku getih ulo. Ulo banjur dipateni, daginge digawa mulih. Daging ulo iku seng arep kanggo syarate memetri desa Nalika samana, ana bocah bajang. Bocah bajang mau, sejatine mimbane ulo, yaiku ulo Baru Klinting. Weruh yen daginge ulo wes mateng, bocah bajang marani umahe ki juru matokkan “ Kulo nuwun”, pitakone bocah bajang “Monggo, sopo kuwe?,” jawab ki juru mathokan “Kulo baru klinting. Kulo bade nyuwun daging sawer!” kandhane bocah bajang. “Kowe ora melu rekoso arep njaluk daging ? sing rekasa wae durung ngrasake, kana lungo!" jawabe ki mathokan Si Bajang tekan omahe mbok randha. Mbok randha iku uripe rekasa. Sanajan uripe rekasa mbok randha iku luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa wae. Mula tekane si bajang ditampa kanti becik. Bocah bajang di wenehi sega lan daging iwak ulo. Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang mbok randha. “mbok, saestu kula nyuwun pamit. Kula gadah weling sekedik. Mangke badhe wonten benobandang. Mila simbok nyawisno lesung mangke simbok nitih lesung . mugi tansah manggeh wilujeng, “ pesene Baru Klinting. Baru klinting lungo menyang umahe ki jur. Ing kanadewekenganaake sayembara nancepake sada lanang ing latar. Baru klinting banjur nantang bocah- bocah ing kana. Bocah- bocah pada nyuba bedhol, nanging ora ana sing kuwat. Ki juru iya melu mbedol sada lanang. Sada lanang tetep ora bisa dibedhol. Gandheng ora ana sing kuat, Baru klinting mbedol sada lanang mau.sadan lanang klakon kabedhol. Sanalika tilas tancepane sada lanang kana metu banyune. Banyu saya gede dadi banjir bandang. Wong- wong ing Banarawa padha mati klelep. Nyai randha kelingan pesene baru klinting numpak lesung Banarawa dadi rawa kanga ran rawa pening, dununge ana ing Ambarawa. 2. Murid banjur nyebataken paraga utami ugi watakipun ugi pesen ingkang saget dipunpundhut saking cariyos punika. 3. Murid nyariosaken malih carios punaka ngagem basanipun piyambak. D. Caranipun ningkataken ketrampilan nyimak wonten kelas inggil. Kagem ningkataken ketrampilan nyimak murid kelas inggil, kathah cara ingkang saget dipunpundhut ugi dipunpraktekaken guru wonten kelas pamucalan basa jawi, inggih punika: 1) Guru kedhah ngawigatosaken faktor-faktor ingkang nunjang kagiyatan nyimak,yaiku: 1. Pamicara a) Kedhah nguasani ugi mahami materi ingkang dipuncariyosaken. b) Migunakaken basa ingkang sae ugi leres. c) Pamicara kedhah saget mbangun kontak kaliyan murid supados murid ingkang nyimak mboten ngalihaken kawigatosanipun. 2. Murid ingkang nyimak a) Kahanan fisik murid kedhah sae. b) Murid kedhah nggatekaken dhumateng bahan simakan, ugi nebihi hal-hal ingkang ganggu kawigatosan. c) Murid kedhah mangertosi ancas saking kagiyatan nyimak. d) Murid kedhah nyimak ngantos pungkasan. 2) Guru kedhah nglampahaken: a) Asring nglampahaken gladhen nyimak kagem murid-muridipun. b) Guru kedhah nyampekaken marang murid ancasipun kagiyatan nyimak. c) Guru kedhah asring menehi gladhen nyimak metode intensif, yaiku kegiyatan nyimak kanthi kawigatosan, katentuan uga katlatenan sahinggo murid ingkang nyimak saget mahami kanthi sae, ing pungkasan kagiyatan murid kedhah saget nyariosaken punapa ingkang dipunpahami. d) Guru inggih saget migunakaken media audio (tipe recorder) 1. Murid nyimak cariyos 2. Murid mangsuli pitakonan bahan simakan 3. Murid nemtokaken ide pokok 4. Murid nyariosaken malih ngagem basanipun piyambak 5. Murid mundhut dudutan surasanipun carios Sumber: Kadaryono,dkk.2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas IV.Erlangga Mangunsuwito.2002.Kamus Lengkap Bahasa Jawa.Bandung:Yrama Widya Subagyo,dkk.2006.Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas V.Erlangga.